Sekar Macapat Dhandhanggula Tinjomaya Laras Slendro Pathet Sanga
Wednesday, December 16, 2020
(Laras Pelog Pathet Sanga)
Lamun Sira Isin Takon Yekti
Bakal Gela Miwah Kapitunan
Awit Mung Gedhe Gengsine
Rumangsa Yen Wis Punjul
Iku Watak Kang Ora Becik
Kang Becik Rumangsa Wa
Yen Sira Wong Cubluk
Kabeh Wis Samya Nglenggana
Ngendi Ana Wong Pinter Sakehing Ngelmi
Prayoga Kawru Hana
Luwih-luwih Ing Jaman Samangkin
Kudu Ana Kang Dadi Unggulan
Tumrap Urip Kita kabeh
Jaman Kang Saya Maju
Mbutuhake Ilmu Maligi
Spesifikasi Nyata
Dadya Senjateku
Kanggo Golek Sandhang Boga
Aja Nganti Ketinggalan Ing Sesami
Urip Kang Bagya Mulya
