Skrip Pawarta Bahasa Jawa Judul Lengo Kletik atau Minyak Goreng
Monday, February 28, 2022
Pembukaan :
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Sugeng Siang Poro Pamirso. Ketemu Maleh Kalihan Kulo (Lalisa Manoban) ing Pawarto Dinten Niki (Minggu Pitulas April Rongewu Rolikur).
Pawarto dinten niki bade ngaturaken babagan (Rego Lengo Kletik Utawi Minyak Goreng Nyelot Mundak Dhuwur Lan Longko).
Kabar lengkape bakal diaturaken kalihan rekan kulo (Jennie Kim) ing lapangan.
Isi Pawarta Bagian 1 :
Lengo kletik wis dadi kebutuhane masyarakat saben dinone kangge nggoreng tempe, iwak, lan liya-liyane.
Nanging, akhir-akhir niki rego lengo kletik nyelot mundak dhuwur lan angel golekane ing pasaran.
Kedadean iki gawe poro ibu rumah tangga dadi melok bingung, amergo angele golek lengo kletik ora trimo neng pasar-pasar tradisional, nanging ing supermarket utowo toko-toko gede melok angel lan longko olehe golek lengo kletik.
Ing pasar tradisional regone lengo kletik reno-reno, mulai soko Patbelas ewu saben litere sampe onok sing adol tekan rego Selawe ewu saben litere.
Salah siji toko kelontong sing onok ing pasar tradisonal, pas ditangleti ngaturaken babagan lengo kletik pancen angel lan longko wis soko agene.
Dheweke, ngakoni isih adol lengo kletik massal kanthi rego lawas Wolulas ewu saben liter. Dheweke nindakake iki amarga dheweke isih entuk rega sing dhuwur saka agen kasebut utawi saka distributore, mula dheweke ora gelem rugi.
Isi Pawarta Bagian 2:
Rego lengo kletik isih durung rata. Sanadyan pamarentah wis nerapake rego eceran paling dhuwur utawi HET kanggo lengo kletik mulai tanggal Siji Februari Rongrewu Rolikur wingi.
Rincian rego kanggo lengo kletik yaiku lengo kletik curah Sewelas ewu limangatus sak litere, lengo kletik kemasan sedengan utawi sederhana Telulas ewu limangatus sak litere, lan lengo kletik kemasan premium Patbelas ewu rupiah sak litere.
Evaluasi rego lengo kletik bersubsidi bakal ditindakake saben rong minggu pisan, utamane sakwise diterbitake Peraturan Menteri Perindustrian Nomer 8 taon 2022 babagan penyediaan lengo kletik kanggo kabutuhane masyarakat, perusahaan, lan usaha liane utawi warung cilik.
Cekap semonten sing saget kulo aturaken kangge pawarta dinten niki.
Saking lapangan kulo (Jennie Kim) aturaken balik kagem rekan kulo (Lalisa Manoban) ing studio.
Penutupan :
Matur suwun kangge rekan kulo (Jennie Kim) ing lapangan sing sampun ngaturaken babagan (Rego Lengo Kletik Utawi Minyak Goreng Nyelot Mundak Dhuwur Lan Longko). Cekap semonten pawarta dinten niki. Saking studio setunggal, kulo (Lalisa Manoban) pamit undur diri. sugeng siang lan matur nuwun.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Keterangan :
Isi dalam kurung sesuaikan dengan Judul, Waktu (Injing/Siang/Sonten/Dhalu) dan Tanggal, serta Nama masing-masing.
Pembukaan dan Penutupan bisa buat tugas Pawarta Bahasa Jawa apapun.
Gambar hanya pemanis, Jangan terlalu di bikin sinis.
Demikian Skrip atau Teks Pawarta Bahasa Jawa, Semoga bermanfaat dan dapat menjadi sumber referensi. Terimakasih.
