Sekar Dhandhanggulo Banjet Laras Pelog Pathet Barang
Tuesday, December 15, 2020
"Dhandhanggulo Banjet"
(Laras Pelog Pathet Barang)
Beda Temen Ing Alam Samangkin
Apa Iku Kemajuan Jaman
Ngendi Nggon Wong Nyekel Hape
Tan Kober Sapa Aruh
Nadyan Lungguh Amor Sumandhing
Tan Preduli Wong Liya
Mongko Dukru Muhun
Lamun Jejer Jejagongan
Kon Tinakon Ndika Badhe Tindak Pundi
Daddya Srawungan Anyar
Prayogane Pinter Milah Mileh
Ngendi Ingkang Pranyata Piguna
Dimen Tambah Wawasane
Kang Ala Ja Ditiru
Ngupaya a Kang Mumpangati
Gesangiro Ing Mbenjang
Ja Dadi Wong Kidhung
Lingak Linguk Tan Mudhengan
Nadyan A Mung Mumpuni Salah Sawiji
Sangua Ketrampilan
